Senin, 27 Juli 2009

Tugas Bahasa Jawa

1. Ana gula ana semut = panggonan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani.
Wong rame-rame padha menyang acara perkawinan Pak Danu. Wonten acara perkawinanne Pak Danu mewah. Ing mriku di sogati dhaharan, ombenan, cemilan ingkang rupa-rupa. Para tamu undangan padha marem sampun dhateng wonteng acara niku.

2. Anirna patra = ngungkiri tulisane dhewe
Ketua kelas, wonten kelas biasane mboten ngeparengi rencang-rencange supados mboten nggarap PR wonten kelas. Sawijining dinten ketua kelas mboten nggarap PR. Ketua kelas banjur badhe nggarap PR wonten kelas. Nanging salah satunggalane rencange ngerti. Ketua kelas banjur dirawei nggarap PR wonten kelas amargi saderengipun dheweke sampun damel peraturan supados rencang-rencang mboten nggarap PR wonten kelas, nanging dheweke ngungkiri peraturan sing di gawe dhewe.

3. Bebek diwuruki nglangi = wong pinter diwulang mesthi gelis bisa
Rita bocah kang pinter. Materi pelajaran mung di wulang sedelok limolas menit, Rita saget nguwasani materi iku. Dadi bocah kang pinter, nek di wulang mesthi gelis bisa.

4. Ana catur mungkur = ora seneng nyampuri urusaning liyan.
Bu Risa, mboten seneng nyampuri urusan rumah tanggane anak-anake. Dene anakke duwe masalah ya dibarke dhewe. Lan dibarke apik-apik.

5. Arep nengkane emoh pulute = gelem kepenak emoh nglakoni rekasane
Nadia bocah kang geleme mung njaluk duwit wong tuane. Nadia ora gelem, nabung kanggo kabutuhane dhewe. Dene wong tuane nggolek dhuwit kanggo Nadia, susah payah. Dadi Nadia gelem kepenak nanging emoh rekasane.

6. Adigang, adigung, adiguna = seneng ngendelake kekuwatane, panguwasae, lan kepinterane
Lia senengane pamer ali-ali, gelas emas karo kancane ing sekolahan. Ora mung kuwi dheweke uga pamer bapake kang duwe jabatan bupati. Lia di genthing karo kanca-kancane amarga Lia uga pamer kapintarane, nanging ora gelem ngajari kanca-kancane.

7. Mbondhan tanpa ratu = mbangkang marang nagara
Para teroris, padha ngebom hotel-hotel lan tempat umum liyane. Para teroris ora manut kalihan aturan nagara lan mbangkang marang nagara.

8. Becik ketitik ala ketara = sing becik bakal tinemu, sing ala bakale ketara
Pak Tono yen kerja jujur, mboten korupsi. Nanging Pak Toni yen kerja senengane ngapusi, lan korupsi. Mula saiki jabatane Pak Tono diunggahke, nanging Pak Toni di pecat amargi ketahuan korupsi.

9. Belo melu seton = bisane mung melu-melu, ora ngerti sing dikarepake
Adikke Ria melu-melu nagis nanging ora ana perkarane. Senajan Ria nangis amarga, dhuwite ilang. Yen Ria meneng ya adikke meneng. Adikke mung anut mbakke Ria nanging ora ngerti apa-apa

10. Anggenthong umos = wong kang ora bisa nyimpen wewadi
Ratna iku bocah kang senengane ora bisa nyimpen wewadi. Wewadine kanca-kancane di sebar-sebarake marang liyane. Mula, kanca-kancane ora seneng karo Ratna lan emoh crita wewadi karo Ratna.

11. Ana bapang sumimpang = nyingkiri sakehing bebaya
Pak Tarno kalihan kaluwargane siap-siap ngungsi ing tempat kang aman amargi, gunung wonten sekitar daleme Pak Tarno badhe meledak. Pak Tarno nyingkiri bebaya.

12. Abang-abang lambe = guneme mung lamis
Sita nek sekolah bocah kang senengane pamer. Jarene dhewekke ameh di tumbaske jam tangan kang regane Rp 500.000,00. Nanging, esukke dhewekke ora ngango jam tangan sing ameh di tukokke. Sita pancen bocah sing lamis mung ngomong nanging ora ana buktine.

13. Aji godhong garing = wis ora ana ajine (asor banget)
Doni duwe PR nanging kabh PR iku ora di garap dhewe, malah di garapake Dino kancane. Bubar PR di koreksi bapak guru Doni entuk 100. Nanging PR kuwi wis ora ana ajine maneh amarga sing nggarap ora Doni dhewe malah Dino kancane.

14. Andaka atawan wisaya = wong kang kena prakara banjur minggat amarga duwe
pangira bakal kalah prakarane
Teroris sing ngebom Indonesia minggat ning luar nagara. Amarga teroris kuwi keweden nek ditangkap polisi.

15. Anak molah bapa kepradhah = wong tuwa melu repot amarga tumindake anake
Riko kuwi bocah sing nakal. Senengane mbangkang wong tua. Riko ya senengane lunga lan muleh wengi-wengi. Wong tuane dadi isin karo tangga-tanggane. Wang tuane dadi repot lan isin yen kumpul karo tangga-tanggane.

16. Car-cor kaya kurang janganan = ngomong ceplas-ceplos ora dipikir dhisik
Cici kae lho bocah kok nek ngomong ora di rem. Mesakno wong sing di omongi. Dheweke orang mikir dhisik nek ngomong.

17. Cebol nggayuh lintang = wong duwe panggayuh kang mokal kecandhake
Mbah iku lo wis tua kok kepingin dadi enom maneh. Ya ora ketututan. Wong wis tua kok dadi enom meneh.
18. Cedhak celeng boloten = cedhak karo wong ala bakal katut ala
Fita kancanan karo Fifi. Fita iku bocahe sregep lan apik. Nanging, Fifi kancane iku bocahe nakal, kesed. Ora gang suwe kancanan karo Fifi, Fita dadi katularan kesed lan nakal. Dadi aja cedhak-cedhak karo wong ala nek ora gelem ala.

19. Adol lenga kari busik = dum dum barang, nanging sing andum ora oleh bagean
Tika gawa pangan nek sekolahan yaiku roti brownies. Amarga Tika iku bocahe apik, roti iku di bagi-bagi karo kanca-kancane. Nanging kancane ora jupuk sithik malah jupuk akeh. Dadi Tika malah ora mangan rotine dhewe.

20. Kebo nusu gudel = wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom
Pak Bayu badhe kondangan, Pak Bayu uga di suwun paringi sambutan. Nanging Pak Bayu mboten saget damel sambutan amargi mboten biasa damel sambutan. Anakke Pak Bayu, Sisi saget ndamel sambutan. Bapakke banjur di ajari caranipun damel sambutan.


Nama : Dewi Aprilia Srirosa
Kelas : 8D
N0 : 5

Nah ini adalah tugas dari untuk membuat contoh yang sesuai dengan peribahasa jawa.